Tlaga Victoria utawa Victoria Nyanza (uga dikenal minangka Ukerewe) iku salah siji Tlaga Gedhé ing Afrika.
Tlaga Victoria wiyaré 68.870 kilometer persegi, njalari sinebut tlaga paling gedhé ing bawana Afrika, tlaga tropis paling gedhé ing donya, lan tlaga banyu tawar angka loro paling gedhé ing donya kanthi wiyar permukaan. Amarga cethèk, tlaga iki kalebu ing urutan angka 7 tlaga banyu tawar mawa volume, isiné 2.760 kilometer kubik banyu. Tlaga iki arupa sumber saka cawang paling dawa Kali Nil, Nil Putih. Tlaga iki ana ing