Apollonia ya iku sawijining panggonan reremukan kutha-kutha Yunani kuno kang dumunung ing Albania. Kutha iki sacara geografis ana ing sisih wetan nagara ya iku ing kawasan Fier, cedhake Pojan. Kutha iki dibangun déning bangsa Yunani ing tahun 588 SM. Pembangunan kutha Apollonia iki digunakake kanggo ngurmati Apollo dewa Yunani. Kutha iki minangka pusat komersial kanggo para pedagang lan suku Illyrian kismis, kang wis urip jinejeran karo wong Yunani nganti pirang-pirang abad-abad.
Kutha Apollonia dadi sugih amarga saka dol tinuku budak kang tansah kalaksanan saben dina. Pelabuhan ing jaman biyen, bisa nampung 100 kapal dagang. Amarga kedadeyan mau Apollonia ngadheg dadi sawijining kutha wigati tumrap bisnis, lan kasil anggone ngambakake wewengkon nganti ngancik Delta Danube. Senajan kutha iki ditinggaake ing pungkasaning jaman kuno, nganti seprene isih akeh bangunan bertahan ing kahanan kang relatif apik.