Basilika Santo Petrus katon ngarepé
Basilika Santo Petrus, sing basa Italiné "Basilica di San Pietro in Vaticano", ya iku gréja gedhé ing Kutha Vatikan, in Roma, Italia. Gréja kuwi asring ingaran "gréja paling gedhé ing Christendom". Ing tradhisi Katulik, Basilika Santo Petrus dipracaya minangka pakuburané Simon Petrus, sing minangka salah sijine rolas rasuling Yesus. Santo Petrus dipracaya minangka Uskup sing kawitan ing Roma.
Sanajan Alkitab ora mratèlaké yen rasul Petrus menyang Roma, Kristen Roman liyané sing urip ing abad ka-1 Masèhi nggawé cathetan ngenani dhèwèké. Para Katulik pitaya yèn sakwise Petrus winunuh, layoné dipendhem ana sangisoré basilika kuwi. Sawijining makam ditemokaké ana sangisoré altar basilika kasebut, uga ana tugelan-tugelan balung, nanging durung bisa dipesthèkaké yèn kuwi bebalungané Petrus.
Ing abad ka-4 Masèhi sawijining gréja diyasa sing diwiwiti ing 18 April 1506 lan rampung ing taun 1626. Akèh Paus sing dikuburaké ana ing kana. Sajanan akè wong sing nganggep yèn Santo Petrus iku sawijining katedral, nanging kuwi dudu katedral amarga ora ana uskupé. Sang Paus iku minangka Uskuping Roma, masiya dhèwèké uga biyasané nganggo Santo Petrus minangka gréja utamané, nanging singgasana uskupé ana ing gréja sing beda, katedral Santo Yohanes Lateran. Gréja gedhé sing penting kaya Santo Petrus, lumrahé diarani basilika. Ana basilika kuna cacah papat ing Roma sing diwiwiti dening Kaisar Konstantin sakwisé dhèwèké ndadékaké Kristen minangka agama resmi ing Praja Roma. Basilika-basilika kuwi ya iku Basilika Santo Perus, Santo Yohanes Lateran, Santa Maria Maggiore lan Santo Paulus ing Sanjabané Témbok.