Broad Peak ( Urdu : بروڈپیک;Chinese : 布洛阿特峰;pinyin : Bùluòātè feng), ugi misuwur kanthi nama K3. Broad Peak inggih punika salah satunggaling gunung ingkang paling inggil wonten ing donya. Inggilipun kinten-kinten 8.051 meter (26.414 kaki). Menawi dipuntegesi “Broad Peak” punika menawi kangge Faichan Kangri (ཨིྰན་ཨངརི་) boten dipuntampi kaliyan antawisipun tiyang Balti. Broad gadhah tigang puncak, inggih mneika puncak utama 8.047 meter, pusat puncak 8.016 meter, dan utara puncak 7.550 meter.
Geografi
Broad Peak inggih punika setunggal perangan saking
Gasherbrummassif wonten ing tlatah pinggiran antawisipun Pakistan
kaliyan China. Broad Peak manggenipun wonten ing kinten-kinten 8
kilimeter (5 mil) saking K2. Gunung punika gadhah
langkung saking 1,5 kilometer KTT (0,93) panjangipun .
Sajarah
Pendakian
- Pendakian Broad Peak ingkang angka pisan kalaksanakaken nalika
tanggal 9 Juni 1957 kaliyan Fritz Wintersteller, Marcus Schmuck,
Kurt Diemberger kaliyan Hermann Buhl saking Austria ekspedesi
punika dipunpandegani kaliyan Marcus Schmuck.
- Usaha ingkang angka pisan dipunlaksanakaken kaliyan Fritz
Wintersteller kaliyan Kurt Diemberger nalika tanggal 29 Mei,
piyambakipun saged dumugi forepeak (8.030 m). Ekspedesi punika
saged dipunlaksanakaaken tanpa bantuan oksigen tambahan utawi
porter ketinggian tinggi kaliyan tanpa base camp.
- Wonten ing ekspedisi ingkang sami, Marcus Schmuck kaliyan Fritz
Wintersteller ndamel flash pendakian ingkang kaping pisan saking
Skil Brum puncak (7.360 m) nalika tanggal 19 Juni 1957 wonten ing
murni gagrag Alpine ning 53 jam.
- Herman Buhl nalika tanggal 27 Juni 1957. Ananging piyambakipun
seda.
- Nalika wulan Juli 2007 tim gunung Austria minggah Broad Peak
kanti ancas mundhut mayatipun Markus Kronthaler, ingkang seda
setaun saderengipun. Sedanipun wonten ing inggil antawisipun 8000
meter.
- nalika nembe mangsa adem kaliyan mangsa panas taun 2009 boten
wonten puncakipun. Wonten setunggal mangsa ekspedisi kaliyan tim
Polandia-Kanada. Wonten ing mangsa punika, wonten ingkang seda
setunggl, inggih punika Cristina Castagna.
Jalur
Wekdal
1954 kaping setunggal kaliyan Dr Karl Herligkoffer saking Jerman,
ananging misi punika saged kawastanan gagal amargi wonten badai
kaliyan adem ingkang ekstrim 1994 nalika tanggal 9 Juli, Carlos
Carsolio angsal KTT ndamel rute enggal, sapunika misuwur kanthi
nama rutenipun Route Carsolio.