Collosseum ya iku bangunan sejarah kayadéné gedhong pamentasan sing gedhe/amphitheatre sing kalebu salah sawijining pitu kaajaiban ndonya. Sing panggone ning ibu kota Nagara Italia, Roma, sing nduwèni jeneng asli Flavian Amphithetare, diadhekke karo Raja Vespasian lan dirampungke karo anakke Titus 80 M. Ngenani taun nggawéné nganti saiaki isih akèh sing béda kapercayan. Amarga ana sing nduwèni anggepan ya iku Collosseum digawé ing taun 79 SM, uga ana sing nduwèni anggepan digawé antara taun 70-80 M, Ananging, akèh arkéolog sing nduwèni panganggep yèn Collosseum digawé ing taun 70-82 M. Saka asalé jeneng dijupuk saka salah sawijining reca sing dhuwuré 130 kaki utawa 40 mèter sing jenengé Colossus. ZCollosseum diset kanggo nampung 50.00 wong pamiyarsa. Collosseum diadegke cerakke karo Nero's enermous palace, Domus Aurea sing wis tangi sakbubare kobongan ning Roma ing taun 64 M. Saka pirang-pirang ahli sujarah percaya kontruksi saka Collosseum diwenehi biyaya nganggo cara ngrampok kuil gedhe Jarusalem saka kongkonan Raja Herod ing taun 64 M. Dio Cassius saka sing ahli sujarah ngandakakée watara 9000 kéwan ganas wis mati ing 100 dina dadi perayaan peresmian lan pambukaan Collosseum kasebut. Jubinne saka arena Collosseum katutup karo wedhi sing kanggo nyegah supaya getih-getih ora mili nang endi-endi.