Gréja Kawiyosan (Basa Inggris Church of the Nativity; Arab كنيسة المهد) ing Bethlehem iku salah sawijining gréja lawas dhéwé sadonya sing dienggo sacara sambung-sinambung. Gedhung gréja dibangun sadhuwuré guwa sing miturut tradhisi papan wiyosané Gusti Yésus. Papan iki dianggep suci déning wong Kristen lan Muslim. Gréja iki situs kapisan ing Negara Palèstina sing kadaptar ing pratélan Situs Warisan Donya UNESCO. Situs iki uga kalebu situs warison donya jroning bebaya.