Istana Matsumoto iku salah siji istana kang ana ing kutha Matsumoto, Jepang. Istana iki uga diarani istana Istana Gagak, amarga wernane ireng. Ing taun 1504 nalika Restorasi Meiji taun 1868, istana iki dilelang. Nalika ngerti istana arep di jurke, Ichikawa Ryozo, tokoh masyarakat Matsumoto, ngujuk-ngjuki kanggo nyelametake istana. Banjur istana iki dicekel déning pamarentah kutha Matsumoto. Istana Matsumoto biyen diarani Fukashi Puri. Benteng iki diubengi kali, temboke gedhe, dhuwur lan kuwat.
Istana Matsumoto diwiwiti wiwit jaman Sengoku. Nalika iku Shimadachi Sadanaga saka klan Ogasawara mbangun benteng ing kene taun 1504, sadurunge diarani Fukashi Castle. Nalika taun 1550 istana iki dipimpin klan Takeda banjur klan Tokugawa Ieyasu.
Nalika Toyotomi Hideyoshi Ieyasu dipindhahke ing Kanto, banjur dheweke ndadekake Ishikawa Norimasa mimpin Matsumoto. Norimasa lan Yasunaga, anake mbangun menara lan panggonan liyane ing jero istana. Wong loro iku uga nduweni peran ing babagan nata kutha, benteng, lan infrastruktur. Nalika jaman Edo, Keshogunan Tokugawa mbentuk domain Matsumoto, matsudaira, lan Mizuno. Sawise 280 taun sistem feodal dihapus saka Restorasi Meiji. Benteng iki dikuwasai déning 23 penguwasa saka enem kulawarga kang beda. Nalika taun 1952 istana iki didadekake dadi warisan nasional Jepang.