Istana Shuri (basa Okinawa: /suigusiku/, basa Jepang: 首里城 Shurijō) iku salah siji istana ing Jepang, nalika biyèn diduwèni Kerajaan Ryukyu ing Shuri, Okinawa, Jepang. Istana iki kagolong salah sijine gusuku kang ana ing Kepulauan Ryukyu. Nalika Perang Okinawa 1945, Istana Shuri ajur amerga digempur Sekutu. Mung sisa tembok kang dhuwure mung puluhan sentimeter sisa perang. Nalika taun 1992, istana iki dibangun meneh ing papan kang padha manut karo poto lan cathetan sajarah biyen.
Biyen istana iki wis digunakake wiwit jaman Sanzan. Kayadene istana liya ing Okinawa, Istana Shuri banjur dibangun nalika jaman Gusuku. Sawise ndadekake siji Okinawa kang sadurunge ana telung kerajaan lan ngedekake Kerajaan Ryukyu. Raja Shō Hashi nggunakake Istana Shuri dadi kediaman resmi. Banjur Shuri dadi ibu kota nganti Dinasti Shō.
Suwene 450 taun wiwit abad ka-15, Istana Shuri digunakake dadi isatana kerajaan lan punjere administrasi Kerajaan Ryukyu. Istana iki dadi punjere doltinuku Ryuku karo wong manca, lan punjere budaya, ékonomi, lan pulitik Kepulauan Ryukyu.
Istana iki tau kobong kaping bola-bali. Sadurunge Perang Ndonya II, istana iki diresmekake déning pamaréntah Jepang minangka Harta Nasional Jepang. Nanging sasuwene perang istana iki didadekake markas tentara militer Jepang. Amerga iku istana iki didadekake inceran bom déning kapal perange Amerika Serikat USS Mississippi wiwit 25 Mei 1945..