Kadhaton Osaka (大阪城 Ōsaka-jō) iku salah siji istana kang ana ing Taman Istana Osaka, distrik Chuo-ku, kutha Osaka, Jepang. Istana Osaka ana ing pucuk sisih lor laladan Uemachi, mapan ana ing panggon kang paling dhuwur tinimbang liyane.
Istana Osaka iku bangunan peninggalan budaya klang dijaga déning pamarintahan Jepang. Menara utama Istana Asoka dadi simbole kutha Osaka. Istana Osaka iku kalebu panggon kang paling disenengi para turis nalika dolan ing Jepang.
Istana Osaka digunakake dadi istana uga benteng wiwit jaman Azuchi Momoyama nganti jaman Edo. Istana Osaka kanga ana saiki kaperang saka menara utama kang diubengi tembok dhuwur lapis loro lan diubengi kali, kali kang jero (Uchibori) lan kali jaba (Sotobori). Banyu kang digunakake kango ngaliri kalidijupuk saka Kali Yodo kang ngalir ing sisih lor Istana Osaka. Miturut wong Jepang jaman biyen, Istana Osaka (大坂城; Ōsaka-jō utawa Ōzaka-jō) ana ing propinsi Setsu (jeneng jaman biyen kanggo Osaka lan sakiwa tengene), Higashinari Goori, Osaka. Miturut gantine karakter aksara Kanji kang digunakake kanggo nulis kutha Osaka ing basa Jepang, jeneng istana Osaka ditulis 大阪城 (Ōsaka-jō).