Kadhaton Predjama (Basa Slovenia : Predjamski grad utawi Grad Predjama, Basa Jerman : Höhlenburg Lueg, Basa Italia : Castel Lueghi) punika satunggaling astana mangsa Renaissance ingkang dipunbangun wonten ing ngajeng goa ing Slovenia barat daya. Slovenia kirang langkung 11 kilometer saking kutha Postojna. Astana punika kapisan dipunsebut nalika taun 1274 kanthi nama Jerman, Lueg. Nalika Patriark Aquileia mbangun kastil utai astana punika ngginakaken gaya gothik .