Kubah Shakhrah (Arab: مسجد قبة الصخرة, translit.: Qubbat As-Sakhrah, Ibrani: כיפת הסלע, translit.: Kipat Hasela, Turki: Kubbetüs Sahra, Inggris: Dome of the Rock) iku papan suci Islam lan marka tanah utama sing dumunung ing tengah-tengah jroning témbok komplèks Al-Haram asy-Syarif, komplèks iki dumunung ing jero témbok Kutha lawas Yerusalem (Yerusalem Wétan). Kubah Shakhrah iki rampung dibangun taun 691, andadèkak’e bangunan Islam paling tuwa sing isih ana ing donya.
Kubah Shakhrah dudu sawijining masjid, suwaliké, minangka sawijining komplèks papan dumunungé watu gedhé pangggonan Nabi Muhammad munggah jroning prastawa Isra lan Mi'raj. Qubbat As-Sakhrah dumunung ing Baitulmuqaddis ing kawasan Al-Haram asy-Syarif. Qubbat As-Sakhrah iku dudu Masjid Al Aqsa amarga Masjid Al Aqsa dumunung ora adoh saka bangunan ini. Qubbat Al-Sakhrah kerep disalahfahami minangka Masjid Omar sing dadi papan Saidina Umar Al-Khatab shalat nalika rawuh ing Baitulmuqaddis.
Kubah Shakhrah, salah siji bangunan ing komplèk Bukit Omah Suci (bangunan utama liyané ya iku Masjid Al Aqsa, iku siji saka papan suci tumrap umat Islam sawise Mekah lan Madinah. Wigatiné papan iki amarga anané Shakhrah ing jeroné. Miturut kaprecayan Islam, watu iki minangka titik nalika Muhammad ngayahi Mi'raj munggah menyang langit dikanthèni Malaikat Jibril.
Papan iki uga dadi papan suci tumrap umat Yahudi sing dedonga madhep arah watu iki. .
Kubah Shakhrah dibangun antara taun 687 nganti taun 691 déning Khalifah Abdul Malik bin Marwan, khalifah Ummaiyyah. Sajarah Qubbat Al-Sakhrah wis ngiewati rupa-rupa jaman, ya iku zaman Islam, zaman Perang Salib, zaman Mandat Britania lan zaman pendhudhukan Israèl.
Sajroning Perang Salib, Kubah Shakhrah diserahaké marang Augustinian, sing banjur ngowahi dadi gréja, lan Masjid Al-Aqsa sadi istana Baldwin I taun 1104. Ordo Bait Allah, sing pecaya yèn Qubbat As-Sakhrah minangka lokasi Bait Salomo, ngadegaké markasé ing Masjid Al-Aqsa cedhak Qubbat As-Sakhrah ing abad ka-12.