Kuil Lama ya iku kuil kang diadegaké nalika taun 1694 déning Dinasti Qing. Banjur diterusae déning Kaisar Yongzheng nalika dheweke dadi kaisar ing taun 1722. Wiwitane kuil iki dadi omahe pangeran Yong, anake Kaisar Yongzheng, nanging ana kang digunakake kango pangon para biksu saka Tibet kang agamane budha. Nalika kaisar Yongzheng mati, pethi matine disimpen ing kuil iki minangka rasa urmate marang kaiasr.
Ing kuil iki ana 5 aula kang dipisah karo taman:
-
Hall of Heavenly Kings(Tian Wang Dian)
-
Hall of Harmony and Peace (Yonghegong)
-
Hall of Everlasting Protection (Yongyoudian)
-
Hall of Wheel of the Law (Falundian)
-
Pavillion of Ten Thousand Happinesses (Wanfuge).
Ing kuil iki ana telung barangkang misuwur, ya iku:
- Gunung 500 Archa ing saburine Balai Falung.
- Patung Mile (budha guyu) ing aula Wanfuge. Patung iki dhuwure
30 meter. Ing sajerone aula Wanfuge ana patung budha. Patung iki
digawé nganggo kayu cendhana putih, dhuwure 26 meter, bobote 100
ton. Patung iki dadi patung budha utuh kang paling gedhe
sadonya.
- Patung Sakrimuni ing Gedhung Zhaofou.