Masjid Biru utawa Masjid Sultan Ahmed (Basa Turki: Sultanahmet Camii) kuwi sawijining masjid ing kutha Istanbul, kutha paling gedhé ing Turki lan minangka ibukutha Kasultanan Utsmaniyah ( saka 1453 nganti 1923). Masjid iki uga dikenal kanthi jeneng Masjid Biru amarga kapungkur interioré awarna biru.
, Turki]]
Masjid iki dibangun antara taun 1609 lan 1616 saka printahé Sultan Ahmed I, kang banjir dadi jeneng masjid kasebut. Sultan Ahmed disarèkaké ing halaman masjid iki. Masjid iki dumunung ing kawasan paling tuwa ing Istanbul, lan ing sadurungé taun 1453 minangka pusat Konstantinopel, ibukutha Kakaisaran Bizantin/Bizantium. Dunungé uga cedhak situs kuna Hippodrome, sarta uga cedhak karo gréja/masjid (Hagia Sophia) kang saiki wis dadi museum.
Ora adoh saka kana dumunung Istana Topkapı, panggonan para Sultan Utsmaniyah nganti ytaun 1853 lan ora adoh saka pesisir Selat Bosporus. Dideleng saka segara, kubah lan menarané ndominasi cakrawala kutha Istanbul.
Masjid iki dikenal kanthi jeneng Masjid Biru amarga werna cèt interioré kang didominasi werna biru. Ananging werna biru kasebut dudu bagéan saka dékor asli masjid, mula cèt kasebut banjur diilangaké. Saiki, interior masjid iki ora katon awarna biru.
Arsitek Masjid Sultan Ahmed, Sedefhar Mehmet Aga, diwènèhi mandat supaya ora kudu hémat biaya jroningm nyipta papan ibadah umat Islam kang gedhé lan éndah iki. Struktur dhasar bangunan iki mèh awangun kubus, ukuran 53 x 51 meter. Kayadéné masjid-masjid liyané, masjid iki diarahaké supaya wong kang ngayahi Shalat bisa madhep Ka'bah ing Makkah, kanthi mihrab dumunung ana ing ngarep.