Masjid Istiqlal ya iku salah sawijining masjid kang dumunung ana ing Jakarta. Masjid iki diprakarsai Présidhèn Sukarno. Masjid iki dirancang tanggal 24 Agustus 1951. Arsitek Masjid Istiqlal ya iku Frederich Silaban. Masjid Istiqlal iki minangka masjid kang gedhé dhéwé ing Indonésia lan Asia Kidul-wétan. Pernahé ana ing sisih wétan Monas. Tembung Istiqlal dijupuk saka basa Arab, tegesé "Kamardikan".