Mauna Kéa ya iku gunung berapi sing wis ora aktif ing Kepulauan Hawaii, Amerika Serikat. Mauna Kéa nduweni duwur sekitar 4205 meter. Arupi gunung berapi paling duwur sing ana ing ndonyo nek diukur saka ngisor, amerga dasare ana ing wantara 5800 meter ing ngisor permukaan Samudra Pasifik sehingga dadi duwure nganti 10 kilometer. Ing basa Hawaii, Mauna Kea nduweni arti Gunung Putih amerga puncake sing ketutup salju.