Møns Klint (Jawa: Parang Klint) ya iku parang kapur sing dawané 6 km ing pasisir wétan Pulo Møn, Dhénemarken ing Segara Baltik. Sawenèhé pérangan parangé cerung nganti 120 m. Laladan ing cedhaké Møns Klint wujudé alas, ara-ara, tlaga-tlaga, lan pagumukan agrong, kaya ta Aborrebjerg sing dhuwuré 143 m, minangka papan dhuwur dhéwé ing Dhénemarken. Parang iki lan taman sacedhaké saiki direksa, mawujud cagar alam. Møns Klint ditekani udakara 250.000 wisatawan saben tauné. Papan iki duwé dalan sing ditengeri mungguh ing wong mlaku, wong numpak pit lan pit montor. Ing sawenèh papan, dalan ing sadawané pucuk-pucuk parang ngener menyang pasisir ing sangisoré.
Nalika tanggal 29 Mèi 2007, caket pucuk-pucuké parang, GeoCenter Møns Klint dikepyakaké déning Rani Margrethe. Musiyum géologi iku mitontonaké pajangan-pajangan komputer interaktif lan manéka warna daya tarik mungguh ing bocah-bocah sing pamrihé weruh tilas-tilas prasujarah géologis ing Dhénemarken lan dumadiné parang kapur. Musiyumé dirancang déning , minangka juwarané pasanggiri rancang-rinancang internasional.