Ortac kuwi sawijining pulo cilik (islet) kang ora ana pedunungé, dumunung kurang luwih 5 km kuloné pesisir Alderney, cedhak pulo Burhou. Ukurané udakara 50 nganti 70 meter.
A.H. Ewen nduga yèn jeneng Ortac kuwi maknané "karang gedhé pinggiré" (large rock at the edge) saka basa Norman Or (pinggir) lan Etac (tumpukan / Stack). Alexander Deschamps mratélakaké yèn wong Perancis disik meruhi pulo kuwi minangka susuhé manuk elang.