The Pentagon iku gedhung Departemen Pertahanan AS ing Arlington, Virginia cerak Washington D.C., sing wangun segi lima (basa Yunani: pentagon). Pentagon iku kantor utama angkatan bersenjata AS.
Pentagon déning akèh pihak dideleng minangka salah siji gedhung sing dirancang sacara èfisién. Sistem gang ing njero gedhung iki dawané ana 28 kilometer lan wiyaré ana 11 hektare. Nanging saben papan ing njero gedhung iki bisa ditempuh jroning wektu pitung menit kanthi mlaku.
Pentagon dibangun nalika Perang Donya II. Pembangunan diwiwiti tanggal 11 September 1941. Taun 1943, 18 sasi sawisé diwiwiti, gedhung iki rampung. Préesidhèn Roosevelt ngira yèn gedhung iki mung gedhung sauntara waé lan sawisé PD II bakal dianggo minangka gedhung Arsip Nasional. Nalika taun 1998 gedhung iki dirénovasi.
Nalika "Serangan 11 September 2001", montor mabur American Airlines Pamaburan 77 ditabrakaké menyang gedhung iki. Nanging bisa diarani sawijining kabegjan jroning musibah, papan sing ditabrak iku papan sing nembé dirénovasi. Sawisé prastawa iki, rénovasi diterusaké lan diprakirakaké bakal rampung taun 2008.