Piramid Giza utawa Piramida Agung Giza iku piramida paling tuwa lan paling gedhé saka telu piramida sing ana ing Nekropolis Giza lan minangka siji-sijiné bangunan sing isih dadi bagéyan saka Pitu Kaajaiban Donya. Dipercaya yèn piramida iki dibangun minangka pesaréyan utawa makam kanggo firaun dinasti kapapt Mesir, Khufu (Χεωψ, Cheops) lan dibangun jroning luwih saka 20 taun lan dikira-kira watara taun 2560 SM. . Piramida iki kadhangkala disebut minangka Piramida Khufu.
Piramida Agung Giza iku bagéyan utama saka komplèks bangunan makam sing dumadi saka loro kuil kanggo ngurmati Khufu (siji cedhak karo piramida lan sijiné manèh ing cedhak Kal Nil), telu piramida sing luwih cilik kanggo garwané Khufu, lan siji piramida "satelit" sing luwih cilik manèh, arupa lintasan sing didhuwuraké, lan makam-makam mastaba ukuran cilik ing saubengé piramida para bangsawan. Salah siji saka piramida-piramida cilik iku nyimpen makan ratu Hetepheres (ditemokaké taun 1925), adik, lan garwa Sneferu sarta ibu saka Khufu. Iga ditemokaké sawijining kutha, klebu siji pemakaman, toko-toko roti, pabrik bir, lan siji komplèks paleburan tembaga. Luwih akèh manèh bangunan lan komplèks ditemokaké déning Proyèk Pamétaan Giza.
Sawetara atus mèter ing kidul-kulon Piramida Agung ana sawijining piramida sing luwih cilik, Piramida Khafre, salah siji panerus Khufu sing uga dianggep minangka pembangun Sphinx Agung, lan sawetara mèter luwih adoh mangidul-kulon ana Piramida Menkaure, panerus Khafre, sing dhuwuré watara separoné.
Weaktu ngrampungaké piramida iki disepakati watara taun 2560 BC.
Wazir Khufu, Hemon, utawa Hemiunu, dipercaya minangka arsitèk saka Piramida Agung.