Piramida Louvre

Piramida Louvre punika satunggaling piramida kaca lan wesi ageng ingkang dipunubengi déning tigang piramida alit wonten ing taman Muséum Louvre (Musée du Louvre) ing Paris, Perancis. Piramida utami punika minangka lawang mlebet utami dhateng muséum. Bangunan punika kapungkasan kabangun ing taun 1989, bangunan punika dados markah tanah kagem kutha Paris .

Nalika damel rencana pambangunan Piramida kaca kristalin ing lawang mlebet Muséum Louvre Paris, ingkang kaping pisan dipunresmèkaken ing taun 1980, rencana kasebut dipuntanggepi kanthi emosi. Kathah tiyang ingkang pitados mbangun bangunan modern ing ngajengipun gedhung ingkang ngandhut sejarah Louvre punika minangka olok-olokan. Bangunan muséum ageng dipunbangun ing papan ingkang rumiyin kalebet bèntèng kuno. Pambangunan kasebut kawiwitan nalika taun 1546 nalika masa pamaréntahanipun Francois I. Jumeneng minangka kerajaan raja Perancis dumugi pungkasan abad kaping 17 .

Nalika taun 1793, bangunan punika resmi dados muséum publik. Lajeng ing taun 1980 gedhung punika dados ramé, setunggal sisihipun dipunginakaken kanggé papan perkantoran pamaréntahan lan bagéyan ngajeng dipunginakaken kanggé aréa parir mobil. Sapérangan saking Grand Projectipun, Presiden Mitterrand nyuwun dokumen kasebut dipunwiyaraken .

Desain lan pambangunan

Dipunprakarsai déning Presiden Perancis François Mitterrand taun 1984, bangunan punika dipunrancang déning arsitèk I. M. Pei ingkang gadhah tanggel jawab awit saking ngrancang Muséum Miho ing Jepang . Struktur ingkang dipunbangun sedayanipun saking kaca dhuwuripun dumugi 20.6 mèter (kirang langkung 70 kaki); bagéyan dhasaripun dawanipun sisi 35 mèter (115 kaki). Kapérang dados 603 kaca belah ketupat lan 70 kaca segitiga.

Piramida lan lobi ing sangadhaping lemah dipunbangun amargi manéka masalah kalihan lawang mlebet utami Louvre ingkang asli ingkang boten saged nampung para rawuh ingkang kathah dugi saben dinten. Para rawuh ingkang mlebet ngliwati piramida mandhap dhateng lobi lan minggah dhateng bangunan utami Louvre. Sapérangan muséum sanèsipun sampun ngginakaken konsèp punika ingkang kondhang punika Muséum Pengetahuan lan Industri ing Chicago. Pambangunan dhasar piramida lan lobi sangandhaping lemah punika dipunlampahi déning Dumez.

Grand Project

Piramida Louvre punika kondhang minangka Proyek Ageng Paris . Proyek punika kalampahan sedawaning taun 1980-an awit saking pamrayogi saking Presiden Francois Mitterrand (1919 – 1996) kanggé nyiapaken monumen modern minangka lambang peranipun Perancis wonten ing bidang seni, pulitik, lan ékonomi donya ing pungkasan abad kaping 20. Proyek ageng sanèsipun punika kalebet Grande Arche de la Defense mawi lapisan marmer, menara kaca Perpustakaan Nasional déning Dominique Perrault, lan Opera Bastille karya Carlos Otts. Gedhung kaca ingkang resmi ing taun 1989 punika dados pengakuan pengetan revolusi ingkang kedadosan ing taun 1789 .

Kanthi pamikiran ingkang ringkes punika, aristèk Amerika-Cina, Ieoh Ming Pei manggihaken rencana radikal kanggé mindhah mobil-mobil saking Cour Napoleon ing ngajengipun muséum lan mbangun lawang mlebet plataran gedhung ingkang dipunubengi déning tembok ageng ing sangandhaping lemah. Sapunika, dipuntutup piramida kaca kanthi inggil 70 kaki (22 meter). Wonten ugi aréa umum ingkang saged karambah kanthi nelusur anak tangga spiral. Proyek punika mekaraken akses dhateng galeri ingkang mapan ing tigang sisi gedhung lan nggampilaken para rawuh muteri gedhung. Minangka tambahan, wonten auditorium énggal, kafe, lan restoran. Katambah kalihan ruang pandukung teknik ingkang dipunprelokaken galeri modern kanthi reputasi intenasional .

Ieoh Ming Pei milih wujuding piramida ingkang kontroversi saéngga trep kalihan arsitektur Louvre . Alesan sanèsipun kenging menapa piyambakipun milih ngginakaken piramida amarhi kanthi struktural piramida ingkang kalebet wujud paling stabul. Piramida punika rampung dipunbangun ing taun 1989 lajeng Ieoh Ming Pei nambahaken piramida kuwalik ingkang ukuranipun langkung alit (kawéntar kanthi sebatan piramida kuwalik) ing ngajengipun muséum. Piramida kuwalik punika ginanipun kanggé kaca empyak (atap) kanggé para rawuh lan aréa belanja ingkang wonten ing ngandhapipun .

Rencana ingkang asli

Bahan ingkang padet punika dipuntujukaken kanggé tiyang ingkang sampun tilar donya, ananging bahan ingkang tempus pandhang punika katujukaken kanggé tiyang ingkang gesang.
 
— I.M. Pei

1745

Kontroversi

Pambangunan piramida punika lajeng medalaken kontrovèrsi amargi kathah tiyang ingkang mastani struktur futuristik kasebut katingal bènten ing ngajengipun Museum Louvre mawi arsitekturipun ingkang klasik. Saperangan tiyang nuduh Mitterand punika kenging penyakit "komplek Pirngon". Déné ingkang sanèsipun rumaos bangga awit saking gaya arsitèkturipun ingkang kontras minangka panggabungan ingkang kasil antawisipun bangunan ingkang lawas lan ingkang énggal, klasik lan ultra-modèrn. Piramida utami punika ingkang paling ageng saking sapérangan piramida kaca ingkang dipunbangun ing celakipun muséum, kalebet La Pyramide Inversée ingkang arahipun mangandhap ingkang ginanipun minangka vèntilasi kanggé mall sangandhaping lemah ing ngajeng muséum. Nalika tahap perencanaan, wonten rencana bilih rancanganipun kalebet pucuk ing piramida kanggé nggampilaken anggenipu ngresiki kaca. Rencana punika dipunbusak amargi pernyataan saking I. M. Pei. []

666 panel: satunggaling legénda urban

Sampun dipunklaim déning sapérangan tiyang bilih panèl kaca ing Piramida Louvre punika gunggungipun 666, "angka makhluk buas", asring dipungayutaken kalihan Setan. Kathah ingkang remen kalihan sejarah gadhah spèkulasi wonten ing faktoid punika. Tuladhanipun buku François Mitterrand, Grand Architecte de l'Univers déning Dominique Stezepfandt ngandharaken bilih "piramida punika katujukaken marang kekuwatan ingkang kagambaraken minangka Makhluk Buas wonten ing Buku Pengungkapan (...) Sedaya struktur punika adhedhasar angka 6."

Cerita 666 panel kawiwitan ing taun 1980-an, nalika brosur asli dipunsebaraken nalika pambangunan lan mlebetaken angka punika (malah kaping pindho, sanajan ing sapérangan kaca (halaman) ngandharaken gunggungipun 672 panel). Gunggung 666 ugi dipunsebataken wonten ing manéka serat kabar. Museum Louvre nyebataken bilih piramida kasebut gadhah 673 panèl kaca (603 belah ketupat lan 70 segitiga) .[1] Gunggung ingkang langkung ageng dipunsebataken déing David A. Shugarts ingkang ngandharaken bilih piramida punika gadhah 689 panèl kaca (Secrets of the Code, dipunsunting Dan Burstein, hal. 259). Shugarts pikantuk gunggung kasebut saking kantor I.M. Pei. Kathah upaya kanggé ngetang panel ing piramida kasebut ingkang boten kasil, ananging cethanipun wonten langkung saking 666. Etangan cepet adhedhasar 18 unit saben sisi mawi kalih tier dipunpindhah ing tengah wonten ing lawang mlebet ingkang langkung nyebataken angka 673.

Mitos punika medal malih ing taun 2003, nalika Dan Brown mlebetaken wonten ing novrlipun ingkang paling kondhang The Da Vinci Code. Ing mriki tokoh protagonis nyebataken bilih "piramid punika awit saking panyuwun saking Presiden Mitterand, sampun kabangun mawi 666 kaca jendela - panyuwun aneh ingkang tansah dados topik panas ing kalangan ingkang remen marang konspirasi ingkang ngandharaken bilih 666 punika angka setan" (bab 4) . Ananging, David A. Shugarts nglaporaken bilih miturut satunggaling juru wicara kantor I.M. Pei, Presiden Perancis boten nate ngandharaken angka panèl ingkang badhé kaginakaken wonten ing piramida. Mangertos bilih rumor 666 dipunwicarakaken ing sapérangan layang kabar Perancis nalika tengahan tengahan 1980-an, piyambakipun paring panyaruwé: "Menawi Panjenengan manggihaken artikel lawas lan dèrèng dipuncèk langkung jero lan pitados sanget, Mbok menawi panjenengan pitados carita 666" (Secrets of the Code, hal. 259) .

Wonten ing budaya populer

(Pirsani La Pyramide Inversée kangge andharan salajengipun.)

Louvre lan piramidanipun ugi medal wonten ing film 2004, Team America: World Police, ananging namung awujud modèl. Modèl kasebut dipunancuraken nalika wonten adegan aksi dipundamel.

Pranala njawi

Listed in the following categories:
Kirim komentar
Tips & Petunjuk
Kate Davis
18 June 2015
The Louvre Pyramid is surrounded by water features - be sure to sit down and relax beside them for a calming view while you people watch or before you walk into the museum!
Alteralec
27 December 2013
Another architectural must-see. Visit the gigantic museum du Louvres if you have enough time. You'll see legendary chefs d'oeuvre such as Da Vinci's Joconde or la Vénus de Milo.
Lina Bell
5 February 2017
Good idea to pre-book tickets if possible and to recheck the times the museum is open...it is usually closed every Tuesday.
Jake Smith
5 July 2015
The best way to take a picture is by one of the fountains or standing on top of one of the concrete blocks. A true tourist destination.
Andrew 翁 Òng
9 June 2016
A great architecture museum & famous site historique must visit in Paris
Sailor
18 January 2019
Powerful stuff! A great museum I'd like to see more programming though and multimedia elements moving forward to make each space more dynamic
Muat luwih komentar
foursquare.com
Magnificent Studio Heart of Paris

miwiti $87

Melia Paris Notre-Dame

miwiti $678

Hotel Les Rives de Notre Dame

miwiti $606

Hotel Le Notre Dame

miwiti $299

Hotel Henri IV Rive Gauche

miwiti $249

Hotel Esmeralda

miwiti $99

Disaranake ing papan sing cedhak

Deleng kabeh Deleng kabeh
Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Palais du Louvre

The Palais du Louvre in Paris, on the Right Bank of the Seine is a

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Mona Lisa | La Gioconda (Mona Lisa | La Joconde)

Mona Lisa | La Gioconda (Mona Lisa | La Joconde) minangka turis

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
La Pyramide Inversée

La Pyramide Inversée (The Inverted Pyramid) is a skylight constructed

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Museum Louvre

Museum Louvre (basa Prancis Musée du Louvre) iku sawijining museum

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Arc de Triomphe du Carrousel

The Arc de Triomphe du Carrousel is a triumphal arch in Paris, France.

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Musée des Arts Décoratifs

Musée des Arts Décoratifs, sawijining muséum desain lan seni de

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Palais-Royal

The Palais-Royal, originally called the Palais-Cardinal, is a palace

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Pont des Arts

The Pont des Arts or Passerelle des Arts is a pedestrian bridge in

Objek wisata kaya sing padha

Deleng kabeh Deleng kabeh
Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Kunstareal

The Kunstareal (“art district”) is a museum quarter in the city cen

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
The Wynwood Walls

The Wynwood Walls minangka turis wisata, salah sawijining Art gallery

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Museum Island

Museum Island (Deutsch. Museumsinsel) in Berlin, Germany is the name

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Wynwood Art District

The Wynwood Art District is a district of the Wynwood neighborhood of

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Beco do Batman

Beco do Batman (English: Batman's Alley) is the nickname for the area

Deleng kabeh panggonan sing padha