Shirakami-Sanchi

Shirakami-Sanchi (白神山地 ,laladan Déwa Gunung Putih) inggih punika sawijining papan ingkang dumunung ing sisih lèr pulo Honshu , Jepang. Papan punika minangka hamparan, pagunungan ingkang taksih alami sanget ingakang dumunung ing Prefektur Akita lan Aomori. Alas ing papan punika gadhah iklim sejuk wit beech Siebold ingkang nutupi saben bukit lan léréng gunung. Wonten manéka jinis Beruang, serow lan 87 jinis manuk saged kapanggihaken ing Alas punika. Lan nalika taun 1993 Shirakami-Sanchi dipuntampi minangka Situs Warisan Donya UNESCO.

Deskripsi Cekak

Dumunung ing Pegunungan lèr Honshu, Shirakami-Sanchi, minangka sawijining laladan ingkang nyakup sepertiga saking Pegunungan Shirakami. Pegunungan Shirakami kahampar langkung saking 450 km2 lan kasungsun saking labirin bukit sisih curam. LAngkung saking 50% laladan kasungsun saking lembah kanthi léréng curam. Langkung saking 500 spésies taneman sampun dipunidentifikasi ing papan punika. Angka punika boten langkung inggil manawi kabandhiangekn kaliyan laladan pagunungan sanès ing Jepang, nanging nyakup kathah jinis taneman karakteristik nagara, lan kathah spésies limrahipun katingal ing zona subalpine.

Sedaya mamalia ingkang kapanggihaken ing sisih lèr Honshu wonten ing laladan punika, kejawi kalih jinis spésies ingkang kawontenanipun dipunwinatesi déning jawah salju. 87 manuk sapunika dipunidentifikasi saking aréa mau ngambah Garudha Emas, ingkang gadhah cathetan penangkaran ingkang winates lan kaancem cures ing Jepang. Pelatuk Hitam, ugi kaancem cures kapanggih ing papan punika. Hodgson garudha garudha, ugi sampun kacathet wonten ing situs sarta serow Jepang. Beruang ireng,7 jinis Reptilia, lan manéka jinis gegremet lan 2.212 spésies ingkang sanèsipun kapanggihaken ing papan punika.

Spesies

Miturut IUCN, wonten sapérangan spésies ingkang sampun kaidentifikasi wonten ing papan punika, sapéranganipun inggih punika:

  • Aix galericulata / Mandarin duck
  • Aquila chrysaetos / Golden eagle
  • Capricornis crispus / Japanese serow
  • Cinclus pallasii / Brown dipper
  • Dryocopus martius / Black woodpecker
  • Eurystomus orientalis / Asian dollarbird
  • Glirulus japonicus / Japanese dormouse
  • Halcyon coromanda / Ruddy kingfisher
  • Histrionicus histrionicus / Harlequin duck
  • Lepus brachyurus / Japanese hare
  • Macaca fuscata / Japanese macaque
  • Martes melampus / Japanese martem
  • Mustela erminea / Ermine
  • Mustela sibirica / Siberian weasel
  • Nisaetus nipalensis / Mountain hawk eagle
  • Nucifraga caryocatactes / Spotted nutcracker
  • Nyctereutes procyonoides / Racoon dog
  • Otus scops / Common scops-owl
  • Petaurista leucogenys / Japanese giant flying squirrel
  • Pinus pumila / Stone pine
  • Pteromys momonga / Japanese flying squirrel
  • Sciurus lis / Japanese squirrel
  • Taxus cuspidata / Japanese Yew
  • Ursus thibetanus / Asiatic black bear
  • Vulpes vulpes / Red fox

Papan Wisata

Daya tarik utama saking Shirakami Sanchi inggih punika jalur minggah nglewati alas lan ningali sesawangan air terjun, puncak gunung lan tlaga. Air terjun ingkang paling misuwur inggih punika Air Terjun Anmon ing sisih wétan lèr Shirakami Sanchi. Air Terjun Anmon inggih punika salah satunggal saking tiga air terjun ingkang dumunung sakitar 90 mèter pinuju lembah saking trailhead (boten saged dipunakses saking akir November dumugi akir April).

Jalur mring air terjun sampun dipunaspal lan rata ing awal lan dados inggil lan sempit manawi mlampah langkung tebih ing salebeting lembah. Boten dangu sadéréngipun dumugi air terjun kapisan (26 mèter) sakitar 45 menit, Sedasa menit ing air terjun pisanan(37 mèter) ing pundi kathah tiyang ingkang ngaso. Nglajengaken ing nginggil bukit ing sisih tengen air terjun angka kalih dangunipun 15 menit mbekta kita ing akir lan papan palinng inggil(42 mèter).

Tujuan populér sanèsipun inggih punika Juniko ("kalih welas tlaga"), sarangkéan tlaga lan kolam alit ingkang dipunhubungaken kaliyan Jalur Mendaki, ing sisih kilén lèr Shirakami Sanchi ing pasisir Laut Jepang. Laladan punika nawakaken pendakian ing dinten ingkang éndah, mancing, lan kemah ing sakitar tlaga lan kolam, salah satunggalipun, Aoike, tirta ingkang biru. Wonten ugi pusat pangunjung alit, Juniko Eco-Museum, ingkang ngandharaken babagan alas beech ing wewengkon punika.

Wonten ing papan punika ugi kapanggihaken Ngarai Nihon , versi miniatur Grand Canyon ingkang wonten ing Amérika Sarékat, kanthi témbok awerni coklat lan watu klawu kapanggihaken ing caket pintu mlebet ing Juniko. Sawijining jalur perjalanan ingkang ngubungaken ngarai kaliyan tlaga Juniko lan kolam. Saking akir November dumugi Maret,jalan-jalan ing Juniko lan Ngarai Nihon katutup lan laladan mau boten saged dipunakses.

Ing sisih kilén lèr Shirakami-Sanchi ngarah ing Gunung Shirakamidake , Shirakamidake inggih punika puncak paling inggil ing Shirakami-Sanchi. Saking puncak, sesawangan éndah nagara sakitaripun saged katingal, nanging puncak punika piyambak sanès minangka péranganing Situs Warisan Donya UNESCO lan, kanthi makaten, izin boten dipunprelukakan kanggé mrika. Papan punika dipunjangkepi kaliyan toilet lan fasilitas papam dunung. Lan minangka salah satunggal saking sapérangan jalur hiking ingkang saged dipunakses kanthi kendaraan umum, kados ta trailhead namung 30 menit mlampah saking Stasiun Tozanguchi, Shirakamidake sadawanipun Jalur Gono JR. Perjalanan saking sadaya puncak Shirakami mbetahaken wekdal antawis 8 jam saking stasiun.

Listed in the following categories:
Kirim komentar
Tips & Petunjuk
Ora ana tips utawa diwenehi petunjuk kanggo Shirakami-Sanchi. Mungkin sampeyan bakal dadi wong sing pertama ngirim informasi sing migunani kanggo para wisatawan? :)
Aqua Green Village Anmon

miwiti $50

Buna no Sato Shirakamikan

miwiti $0

Hotel de YAMA

miwiti $0

Dake Onsen Yama no Hotel

miwiti $0

Hoshi to Mori no Romantopia - The Swan, Hotel of Stars

miwiti $0

Hoshinoyado Hakuchoza

miwiti $78

Disaranake ing papan sing cedhak

Deleng kabeh Deleng kabeh
Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Akaishi Keiryū Anmon no Taki Prefectural Natural Park

is a Prefectural Natural Park in southwest Aomori Prefecture, Japan.

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Istana Hirosaki

Pura Hirosaki (弘前城, Hirosaki-jō) iku salah sijiné pura Jepang ing Kot

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Sannai-Maruyama site

Sannai-Maruyama site (三内丸山遺跡, Sannai maruyama iseki) is a Jomon archa

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Aomori Museum of Art

The Aomori Museum of Art (青森県立美術館, Aomori Kenritsu Bijutsukan) i

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Lake Towada

Lake Towada (十和田湖, Towada-ko) is the largest caldera lake in Honshū

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Sukayu Onsen

Sukayu Onsen (酸ヶ湯, Sukayu) is a well-known onsen (hot spring) in the c

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Aomori Bay Bridge

The Aomori Bay Bridge (青森ベイブリッジ, Aomori Bei Buridji) is a cable-stay

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Seikan Tunnel

The Seikan Tunnel (青函トンネル Seikan Tonneru or 青函隧道 Seikan Zuidō) is a

Objek wisata kaya sing padha

Deleng kabeh Deleng kabeh
Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Çamlıca Hill

Çamlıca Hill (Turkish: Çamlıca Tepesi), aka Big Çamlıca Hill (Turk

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Üetliberg

The Üetliberg (also spelled Uetliberg, pronounced Шаблон:IPA in Zür

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Top of Mt. Takao (高尾山頂)

Top of Mt. Takao (高尾山頂) minangka turis wisata, salah sawijin

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Gellért Hill

Gellért Hill (magyar. Gellért-hegy; Deutsch. Blocksberg; Latina. M

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Lysá hora

Lysá hora (Czech pronunciation: ]; Polish: Łysa Góra; German: Lys

Deleng kabeh panggonan sing padha