Stonehenge inggih punika monumen prasejarah ingkang dumunung ing laladan Wiltshire Inggris, watawis 3,2 kilometer (2,0 mil) kilenipun lan 13 kilometer saking Amesbury (8,1 mil) leripun Salisbury. Stonhenge punika dados salah satunggalipun situs paling misuwur ing donya. Stonhenge kaperang saking Earthworks watu gedhe bundheran ingkang ngadeg gagah. Para arkeolog precaya menawi monumen watu ikonik dipundamel watawis 2500 SM. Wonten teori ingkang njlentrehaken menawi watu ingkang wiwitan dipundamel 2400-2200 SM, wonten ugi ingkang matur menawi watu punika sampun wonten ing taun 3000 SM. Situs punika dipundhaftaraken dhateng UNESCO dados warisan donya ing taun 1986. Monumen donya punika dipungadhahi déning Crown lan dipunrumati déning Inggris Heritage, lan siti ingkang wonten ing mrika gadhahipun National Trust. Boten wonten cathetan ingkang nyebataken alesanipun Stonhenge dipunwangun. Sampun kathah teori ingkang dipun babaraken, ananging boten wonten konfirmasinipun. Teori kasebat kados stonhenge nggadhahi fungsi minangka panggenan kagem penyembuhan, panggenan sekarat, lan wonten ugi ingkang nggadhahi spekulasi bab astronomi. Mike Parker Pearson, ingkang mandhegani Proyek Stonehenge Riverside, nyatet menawi Stonehenge wonten gegayutanipun kaliyan pemakaman wonten ing peiode awal wiwit wontenipun Stonhenge.