Taipei 101 (Cina: 台北101/臺北101), utawi Taipei World Financial Center, inggih punika salah satunggalipun gedhung penyakar langit ingkang dunungipun wonten ing Distrik Xinyi, Taipei, Taiwan. Taipei 101 nate dados gedhung paling inggil sadonya saking taun 2004 ngantos dumugi 2010 sadéréngipun gedhung Burj Khalifa dipunwangun ing Dubai. Nalika wulan Juli 2011, gedhung punika pikantuk kanugrahan LEED Platinum Certification, satunggalipun kanugrahan ageng amargi gedhung punika irit énérgi lan désain ingkang ramah lingkungan (Leadhership in Energy and Environmental Design) (LEED).
Taipei 101 dipundésain déning C.Y Lee lan kanca-kancanipun lan kontruksinipun dipundamel déning KTRT Joint Venture. Menara punika dipundamel minangka icon Taiwan ingkang modern, nalika dipunbikak resmi ing taun 2004 Taiwan 101 pikantuk Emporis Skyscraper Award.
Arsitektur gedhung Taipei 101 punika nggadhahi simbol minangka simbol evolusi téknologi lan tradisi Asia.
Taipei 101 punika kagunganipun parusahaan Taipei Financial Center Corporation (TFCC) lan dipunatur déning The International division of Urban Retail Properties Corporation ingkang mapan ing Chicago, Amérika Serikat. Rencananipun gedhung punika badhé dipunparingi nama Taipei World Financial Center (Cina: 臺北國際金融中心).