Taj Mahal iku monumèn kang dadi tuladha gawéyan arsitèktur muslim India. Taj Mahal uga kondhang dadi tandha tresna abadi Kaisar Shan Jahan kanggo garwané Mumtaz Mahal. Taj Mahal iku tandha tresna lan hasrat. Taj Mahal digawé ing jamané Kaisar Mogul sing kalima taun 1631-1648 kanggo ngémut, Arjuman Bano Begum, utawa sing luwih kondhang kanthi jeneng Mumtaz Mahal, sepisanan Shan Jahan nyebut masjid iku mung makam Mumtaz Mahal, ananging ing mangsane ngembang dadi Taj Mahal. Taj Mahal menawi diartike ya iku Istana Mahkota, nduwèni perluasan arti saka jeneng Mumtaz Mahal saka Pèrsi. Mumtaz Mahal tinggal ndunya ing umur 39 taun, pas nglairake anak kaping 14 ing taun 1631. Matine Sang Permaisuri iki nggawé Raja ngrasa duka. Sakdurunge mati, Mumtaz pesen pengen digawékke makam sing durung tau ditonton ning ndunya sakdurunge kanggo ngenang. Shah Jahan mrintahke Ustaz Ahmad mbentuk bangunan iku. Ustaz Ahmad 20.000 wong kanggo nggarap bangunan iku, saka tukang watu, tukang emas, lan sing ngukir termasyhur ing sakndunya. Arsitek sing paling terampil, tatahan pengrajin, ahli kaligrafi, sing natah watu, lan tukang watu teka saka penjuru India lan laladan adoh saka Pèrsi lan Turki. Master tukang watu saka Baghdad, ahli mbangun kubah saka Pèrsi, lan spesialis tatahan saka Delhi. Nganggo bumbung, kubah lan menara digawé saka marmar putih, sarta seni mozek sing elok, Taj Mahal ya iku pitu keajaiban ndunya. Eneng 43 jinis watu permata, kalebu berlian, jed, kristal, lan nilam sing digunakke. Panggawéné monumèn iku rampung jroning 22 taun.