Menara Tokyo

Menara Tokyo (東京タワー Tokyo Tower) (東京タワー, Menara Tokyo) menara ing Shiba Park, Tokyo, Jepang. Dhuwuré 332,6 m lan kalebu bangunan menara paling dhuwur ing donya, kang ngadek ijèn ing lumahing lemah. Adhedhasar angger-angger kaselametan penerbangan, menara iki dicet nganggo werna oranye internasional werna karo werna putih ing sawetara panggonan. Bangunan watara luwih cendhak, supaya Menara Tokyo bisa katon saka macem-macem lokasi ing tengah kutha.

Menara Tokyo wis misuwur minangka simbol saka kutha Tokyo lan panggon wisata tinimbang sawijining fungsi minangka antèn menara pemancar kanggo TV analog (UHF/VHF), TV lokal, digital, lan radio FM. Kajaba iku, ing perusahaan KA East Japan Railway nggunakaké menara iki kanggo nyèlèhaké anten radio sistem darurat saka sepur, lan instrumen pengukuran liyané dipasang dening Kantor Lingkungan Tokyo Metropolitan area.

Garis gedhé

Jeneng resminé ya iku Nippon Denpatō (日本電波塔 Menara Gelombang Radio Jepang) (日本電波塔, Menara Radio Gelombang saka Jepang). Dedegé Menara Tokyo ya iku wirausaha koran saka Osaka kang jenengé Hisakichi Maeda (direktur utama Sankei Shimbun, Kansai Telecasting Corporationlan Osaka Broadcasting Corporation). 

Desain menara iki mèlu desain Menara Eiffel ing Paris, Prancis. Senajan luwih 8.6 m saka Menara Eiffel, Menara Tokyo boboté mung 4,200 ton dibandhingaké karo menara Eiffel kang boboté 7,300 ton. Bagian ndhuwur menara wis dirancang kanggo tahan angin nganti kacepetan saka 100 m per sekon jam, nalika sisih ngisor  menara tahan marang kacepetan angin saka 80 m per sekon jam.

Pemancar kang didelèlehaké ing Menara Tokyo bisa tekan wilayah Kanto kanthi radius 100 km. Sadurungé Menara Tokyo iki diadegaké, stasiun-stasiun TV ing Tokyo, NHK, General TV, Nippon Television (NTV), lan TBS wis mulai operasi karo pemancar antena dhéwé kang dhuwuré tekan 170 m. Ing taun 1958, Fuji TV, NET (saiki TV Asahi), lan saluran pendhidhikan saka NHK wiwit mindahaké pemancar ing Menara Tokyo.

Simbul menara ya iku si sadulur "Noppon" asalé saka tembung "Noppo" (dhuwur). Klambi biru digunakaké Noppon kang lair kawitan, nalika Noppon mung nganggo sandhangan werna abang.

Motto sedulur "Noppon": Kakang: "Deloken bab-bab nganggo ati kang panas nganggo tutul kang wangun." Adhi: "Miwiti nganggo bab kang cilik lan terus lakokaké sanityasa mantep."

Sajarah

  • April 1957 - Nippon Denpatō Kabushikigaisha (日本電波塔株式会社 PT Menara Gelombang Radio Jepang) (日本電波塔株式会社, PT Menara Gelombang Radio Jepang) iki diadegaké.
  • 29 Juni 1957 - pembangunan fisik menara diwiwiti.
  • 14 November 1958 - Pembangunan menara kang njupuk wektu 1 taun 3 sasi rampung.
  • 7 Desember 1958 - Menara Tokyo iki dibukak kanggo umum (mangsa pancoban).
  • 23 Desember 1958 - Menara Tokyo resmi dibukak kanggo umum.
  • 10 januari 1959 - NHK Educational TV wiwit saka Menara Tokyo.
  • 2 Januari 1959 - NET (TV Pendhidhikan Jepang, saiki TV Asahi) wiwit nyebaraké saka Menara Tokyo.
  • 1 Maret 1959 - Fuji TV wiwit siaran saka Menara Tokyo.
  • April 1959 - NHK Educational TV mindahaké pemancar saka Menara Tokyo menyang pusat pemancar ing wilayah Kioi. Sawaliké, pemancar NHK General TV dipindhahaké menyang Menara Tokyo.
  • 17 Januari 1960 - TBS mindahaké pemancar saka kantor pusat Akasaka menyang Menara Tokyo.
  • 12 April 1964 - Divisi Televisi Nihon Kagaku Gijutsu Shinkō Zaidan wiwit nyebaraké (saiki diarani TV Tokyo).
  • 26 April 1970 - FM Tokyo wiwit siaran.
  • 10 Nopember 1970 - Nippon Television mindhah pemancar menyang Menara Tokyo.
  • 1980 - NHK Educational TV mindhah pemancar bali menyang Menara Tokyo, saingga menara iki bisa maringi panggon kanggo kabeh stasiun TV pemancar ing kutha Tokyo.
  • 1 Nopember taun 1984 - TV lan radio FM nduwéné University of the Air wiwit siaran.
  • 1 Oktober 1988 - FM Jepang (saiki J-Wave) wiwit siaran.
  • 1 Nopember 1995 - Stasiun TV Tokyo MX wiwit siaran.
  • 1 April 1996 - Radio InterFM wiwit siaran.
  • 1 Desember 2003 - Kabeh stasiun TV saliyané University of the Air wiwit siaran nganggo sistem digital.
  • 1 Desember 2006 - University of the Air wiwit siaran TV digital.

Fasilitas

  • Ing dhuwur saka 120 m nganti 125 m, ana rong lantai pengamatan utama, lan ing lantai saka pengamatan ing dhuwur saka 223 m. Saka lantai pengamatan, pengunjung bisa ndeleng pasawangan saka kutha Tokyo, lan nalika terang, pengunjung bisa ndeleng paling saka wilayah ing Prefektur Kanagawa, Saitama, Chiba, lan Gunung Fuji.
  • Ing menara ana bangunan Kutha Sikil (Foot Town) kang nduwèni limang lantai. Kajaba iku, ing bangunan ana: Aquarium Menara Tokyo, Wax Museum, Museum Guinness World Records Tokyo, SPACE WAX (pameran holograms), Trick Art Gallery (pameran lukisan 3-dimensi), panggung pèntas, Klub 333, Noppon Square, FamilyMart cabang saka Menara Tokyo (nyimpen penak padha 7-Eleven), Laboratorium Kari Tokyo, uga minangka toko suvenir, panggon kanggo mangan, lan  "Menara Gallery 333". Lantai 5 diisi piranti kanggo siaran saka macem-macem stasiun TV lan ora mbukak kanggo umum.
  • Lantai khusus pengamatan ing dhuwur 223 m, digunakaké sasuwéné 10 taun kanggo panyimpenan piranti siaran, lan  dibukak kanggo umum ing taun 1968.
  • Lampu kang madhangi menara murup saka wayah surup nganti jam 12 wengi. Warna lampu wis diatur miturut mangsa. Lampu warna oranye diurupaké ing wayah semi, gugur, lan mangsa adem, nalika ing mangsa panas, lampu kang diurupaké werna putih. Werna lampu kadang dijodokaké marang tema, contoné werna pink kanggo kampanye antikanker payudara, werna biru kanggo promosi TV lokal, lan werna ijo kanggo promosi film Matrik Reloaded, uga minangka mengeti 50 taun saka persahabatan Jepang-Irlandia.

Pranala njaba

Listed in the following categories:
Kirim komentar
Tips & Petunjuk
Epicurean ????dventures
From a distance, it's impressive. As u get closer, u will c a base building that completely spoils d aesthetics of d structure. In our opinion, it pales in comparison 2d Eiffel Tower.
Azahara Gómez
3 August 2015
You can't leave without visit it! Impresive, beautiful, with souvenir shops and restaurants and the renewal with mechanics stairs and One Piece shop and restaurant!
Jean-Noël Vignaroli
6 September 2015
If you're a One Piece fan, grt a combined ticket Tower + One Piece expo. It's actually a mix between an expo and a kknda amusement park. You won't regret!
A Hazet
29 October 2019
Has long been a landmark of Tokyo, this instagramable red-white tower view is best taken from zojoji temple and shiba park. The closest train station are daimon or akabanebashi #TravellingTokyo
Ayaka Nagata
24 November 2018
One of the symbols of Tokyo. Please try the glass flooring to look down and see an intense view through it! Good for daytime, but night time is more beautiful!
Cheen The Curious
30 April 2023
Built in 1958, design was inspired by Eiffel Tower. Painted white & international orange to comply with air safety regulations. Second tallest structure in whole of Japan! Source: Wikipedia
Muat luwih komentar
foursquare.com
Keio Plaza Hotel Tokyo

miwiti $244

Keio Plaza Hotel Tokyo Premier Grand

miwiti $441

Hyatt Regency Tokyo

miwiti $342

Shinjuku Washington Hotel - Main Building

miwiti $113

Shinjuku City Hall Romantic Cabin

miwiti $0

THE KNOT TOKYO Shinjuku

miwiti $116

Disaranake ing papan sing cedhak

Deleng kabeh Deleng kabeh
Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
SL Plaza (SL広場)

SL Plaza (SL広場) minangka turis wisata, salah sawijining Town squ

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Suntory Museum of Art

The Suntory Museum of Art (Japanese: サントリー美術館) is an arts museum loc

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Hamarikyu Gardens

Hamarikyu Gardens (浜離宮恩賜庭園, Hama-rikyū Onshi Teien) is a public park

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Nakagin Capsule Tower

The Nakagin Capsule Tower (中銀カプセルタワー, Nakagin Kapuseru Tawā) is

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
The National Art Center, Tokyo

The National Art Center (国立新美術館, Kokuritsu Shin-Bijuts

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Hibiya Park

Hibiya Park (日比谷公園 Hibiya Kōen) is a park in Chiyoda City, Tokyo, Jap

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Godzilla Statue

Godzilla Statue minangka turis wisata, salah sawijining Colossal

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
National Diet Library

Established in 1948 for the purpose of assisting members of the Diet

Objek wisata kaya sing padha

Deleng kabeh Deleng kabeh
Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
France (Epcot)

The France Pavilion is part of the World Showcase within Epcot at Walt

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Eiffel Tower (Paris, Tennessee)

Tennessee's Eiffel Tower is a landmark in the city of Paris. Built in

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Petřín Lookout Tower

The Petřínská rozhledna (Petřín lookout tower) is a 60 metre high stee

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Kings Island

Kings Island is a 364 acre theme park located in the city of Mason, in

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Paris Las Vegas

Paris Las Vegas is a hotel and casino located on the Las Vegas Strip

Deleng kabeh panggonan sing padha