Universitas Oxford iku perguruan tinggi utawa pawiyatan luhur paling tuwa abasa Inggris sing dunungé ing kutha Oxford, Inggris. Sejarah universitas iki bisa ditlusuri paling ora wiwit pungkasan abad ka-11, senadyan tanggal persis madegé tetep ora cetha. Miturut legéndha, sawisé pecah karusuhan antara mahasiswa lan padunung kutha ing taun 1209, sawetara akadhemisi Oxford mlayu tumuju lor-wétan, menyang kutha Cambridge, lan ngadegaké Universitas Cambridge. Kaloro universitas iki wiwit semono wis silih tetandhingan siji lan sijiné, lan minangka perguruan tinggi paling selèktif ing Britania Raya.