Wiener Staatsoper ya iku salah siji gedhung opera kang paling tuwa lan paling suwé nampilaké pertunjukan opera ing Éropah Tengah. Wiener Staatsoper wis nampilaké luwih saka 50 pertunjukan opera lan 15 pertunjukkan balèt kang suwéné 300 dina. Bangunan opera hall dibangun wiwit taun 1863 lan rampung ing taun 1869. Ing taun 1945, bangunan iki ngalami pengemboman nalika Perang Donya II kang nyebabaké luwih saka 150.000 kostum entèk bareng karo entèké bangunané. Sawisé 10 taun, bangunan iki dibangun lan didésain ulang.