Yad Vashem (Ibrani יד ושם) utawa uga diarani ing Basa Inggris Holocaust Martyrs' and Heroes' Remembrance Authority ("Pèngeten Martir Holocaust lan Pahlawané") – iku monumèn resmi Israèl marang para korban Holocaust sing diadegaké ing taun 1953 mawa Undhang-Undhang Pèngetan sing ditampa déning Knesset, parlemèn Israèl. Asal mula jeneng iki dijupuk saka sawijining ayat Alkitab:
Ing basa Ibrani, "jenengmu bakal kacathet ana ing Pedaleman-Ku" iku padanané yad va-shem. Gedhong iki lokasiné ana ing Yerusalem lan kasusun saka sawijining kamar pèngetan, muséum sajarah, galeri seni, wisma asma, arsip, "Lebak Komunitas Sirna", sinagoga lan punjer édukasi. Saliyané iku wong non-Yahudi sing nylametaké wong-wong Yahudi nalika Holocaust, lan biyasané mawa risiko dhuwur, dimulèni déning Yad Vashem mawa gelar "Para Budiman Antarané Bangsa-Bangsa".