Yihe Yuan utawa Basa Indonesia dadi Istana Musim Panas ya iku istana kang ana ing 15 km saka pusat kutha Beijing.
Wiwitane dibangun ing jaman Dinasti Jin kanthi jeneng Taman Qingyi. Banjur dibalekake ing pondasi wiwitan kang minangka karya arsitektur kebun klasik Tiongkok ing taun 1886 sawise akeh kang wis rusak amarga perang ing taun 1860. Banjur jenenge diowahi dadi Yuan Ming Yuan lan pungkasane dadi Yihe Yuan déning Ibusuri Cixi ing taun 1881. Owah-owahan kang pungkasan dibarengi karo renovasi gedhe-gedhenan. Sawise renovasi iku, Ibusuri Cixi banjur manggon ana kono.
Ing taun 1998, istana iki didadekake salah sawijining saka Situs Warisan Dunia UNESCO. Kombinasi iki nggabungake kekayaan alam kayata bukit lan perairan kanthi bangunan gaweyane manungsa kayata paviliun,balai, kuil, istana lan kreteg.