Acropolis ing Atena utawa luwih dikenal mung jeneng acropolis (kutha dhuwur, "Watu suci") kuwi sawijining monumèn awujud gumuk watu kang pucuké rata lan madeg antara liya wangunan kuna Parthenon. Senadyan akèh Acropolis ing kutha liya saliyané ing Atena iki, nanging Acropolis ing Atena iki kang misuwur. Acropolis Atena iki dilebokaké ing Daftar warisan budaya Eropah ing tanggal 26 Maret 2007. Acropolis kuwi arupa gumuk watu kang pucuké rata kang dhuwuré 150 meter sakdhuwuré segara. Panggonan iki uga dikenal minangka Cecropia, saka legendha manungsa ula, Kekrops utawa Cecrops, raja pisanan Atena.
Dalan menyang Acropolis arupa gerbang kang disebut Propylaea. Ing sisih kidulé gerbang ana kuil cilik yakuwi Kuil Nike. Sawijining reca Athena saka tembaga, karya Phidias, asliné madeg ing tengah-tengah. Ing tengahé Acropolis ana wangunan Parthenon utawa Kuil Athena Parthenos (Athena sang perawan). Ing sisih wétan gerbang lan ing sisih loré Parthenon ana kuil kang jenengé Erechtheum. Sisih kidul arena uga ana sisa-sisa teater kabuka Theatre Dionysus. Ora adoh saka kana dumunung Theatre Herodes Atticus kang lagi dirékonstruksi.