Kastil Neuschwanstein

Kastil Neuschwanstein ingkang mirip kaliyan Astana Disneyland punika salah satunggaling kastil utawi puri ingkang wonten ing Désa Hohenschwangau (Schwangau) boten tebih kaliyan kutha Füssen lan sisih barat daya Bayern, Jerman . Kastil punika satunggal saking tiga astana kerajaan ingkang dipunbangun kanggé Louis II saking Bavaria. Kastil ingkang ugi kadang dipunwastani Mad King Ludwig punika astana kerajaan ing Pagunungan Alpen Bavaria Jerman punika dipunbangun nalika taun 1869 saking paréntah Raja Ludwig II. Ananging dumugi nalika sédanipun Louis taun 1886 bangunan punika dèrèng rampung .

...

Raja Ludwig punika pengagum komposer donya ingkang kawéntar, ya iku Richard Wagner. Kastil Neuschwanstein dipunbangun ugi minangka pakurmatan saéngga kathah kamar wonten ing dalem kastil ingkang kailhami karakter Wagner. Wonten ing lantai bangunan punika nggambaraken remening Ludwig dhateng sadaya opera karya Wagner.

Kasti ingkang kabangun nalika abad 19 punika kados astana ing negeri dongeng punika dipunjangkepi kaliyan teknologi lan seni kala jaman kasebut. Tuladhanipun saben kastil wonten toilet kanthi sistem mbilas otomatis saha sistem pemanas udara. Sapunika saben taun langkung saking 1,3 juta tiyang ingkang dugi wonten papan punika .

Wiwitanipun kastil punika gadhah nama Kastil New Hohenschwangau, ananging bibar Raja Ludwig tilar donya nalika taun 1886 lajeng nama kastil punika dipungantos dados Kastil Neuschwanstein. Nalika abad kaping 19, Kastil Neuschwanstein punika dados papan anggènipun masarakat Bavaria nyambut damel kanthi sengkut.

Sanajan para wisatawan ingkang dugi punika boten kenging motret utawi mendhet gambar interior Kastil Neuschwanstein, ananging kastil punika tansah dados tujuan utama pariwisata déning turis-turis saking mancanagara. Sadèrèngipun, Raja Ludwig boten paring ijin dhumateng para tiyang ingkang dugi ing papan punika, ananging bibar Raja Ludwig tilar donya ing taun 1886 bangunan Kastil Neuschwanstein punika dipunbikak kanggé umum. Kawontenan punika dipunlampahi amargi kanggé mbayar sapérangan utang Ludwig anggènipun ngrampungaken pambangunan Kastil Neuschwanstein punika. Kastil Neuschwanstein punika ugi sampun naté dipunginakaken minangka papan kanggé syuting film lan dados inspirasi kanggé puri Sleeping Beauty ing Taman Disneyland lan Hongkong Disneyland.

Listed in the following categories:
Kirim komentar
Tips & Petunjuk
Ora ana tips utawa diwenehi petunjuk kanggo Kastil Neuschwanstein. Mungkin sampeyan bakal dadi wong sing pertama ngirim informasi sing migunani kanggo para wisatawan? :)

Hotels near Kastil Neuschwanstein

Deleng kabeh hotel Deleng kabeh
Hotel Das Rübezahl

miwiti $304

Helmerhof

miwiti $151

Das Schwanstein

miwiti $72

Landhotel Guglhupf

miwiti $115

Haus Luna

miwiti $162

Hotel Waldmann

miwiti $87

Things to do near Kastil Neuschwanstein

Deleng kabeh Deleng kabeh
Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Kastil Neuschwanstein

Kastil Neuschwanstein punika satunggaling kastil ingkang wonten ing

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Hohenschwangau Castle

Hohenschwangau Castle or Schloss Hohenschwanstein (lit: High Swan

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Fussen Castle

Fussen Castle minangka turis wisata, salah sawijining Castles ing

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Linderhof Palace

Linderhof Palace (German: Schloss Linderhof) is a palace in Germany,

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Wies Church

The pilgrimage church of Wies (German: Wieskirche) is an oval rococo

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Zugspitze

The Zugspitze is the highest mountain in Germany. It is located at the

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Rottenbuch Radio Tower

The Rottenbuch Radio Tower is a transmitting tower of the Vodafone

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Große Olympiaschanze

The Große Olympiaschanze (English: Large Olympic Hill) is a ski

Objek wisata kaya sing padha

Deleng kabeh Deleng kabeh
Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Menara London

Yang Mulia Istana lan Benteng Kerajaan, utawi kawéntar kanthi nama

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Château de Vincennes

The Château de Vincennes is a massive 14th and 17th century French

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Stirling Castle

Stirling Castle, located in Stirling, is one of the largest and most

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Château Royal de Collioure

The Château Royal de Collioure is a massive French royal castle in

Tambah menyang dhaptar dhaptar
Kulo wonten mriki
Wis dikunjungi
Kadhaton Balmoral

Kadhaton Balmoral punika griya ageng ingkang mapan wonten ing

Deleng kabeh panggonan sing padha